Rabu, 07 Januari 2015

Kidung Jawa Abdi warki Indramayu

Ana cerita, cerita ing jaman kala
Nganda aken keAgungan kang kuasa
Ngaweruhi lumakuning uriping manungsa
Piwarah maring tiang sedaya

Pawiwitan maturi puja lan puji
Maring kang maha suci
Ingkang asmanipun Allah robbul izzati
Kang ndadiaken gumelaring siti
Jagat raya lan sekabehe isi

Ing kawitane jagat raya
Gusti Allah nyipta aken banyu
Banyu diputer sewayah-wayah
Ngujud aken geni kang pecah
Pecahing geni kang ngrupa malih
Dados langit bumi kang ajrih
Ajrih maring printahing gusti
Bade sudi ngedar kang pasti

Anane langit pitung petala
Kang kecipta kalih masa
Langit kang kosong dipun kebeki
Kelawan lintang kang madangi
Surya manasi lumahing bumi
Wulan kang madangi ing wayah wengi

Papat masa gusti Allah ncipta bumi
Pitung petala kang njejegi
Sato kewan ingkang manggoni
Kacipta saking banyu alma'i
gunung-gunung dadi patoke bumi
pitung segara kang ngeluberi

Bumi kang mati dipun kirimi
Mega mendung kang ngudani
Nyukulaken wewijilan
Nrumbusaken kekayuan
Megaraken kekembangan
Dadi panggonane sato kewan

Sepertelu akhir masane
Allah nyipta mahluk liyane
Malaikat jin lan sebangsane
Manungsa kang pungkasane
Widadari manggon ning swargane
Watu lan geni dadi isi nerakane
Langit bumi paripurna dadi enem masane

Gusti Allah kang welas asih
Maha suci lan ageng
Maha tunggal kang ndeweki
Maha mireng lan pendeleng

Kang ndadiaken manungsa lan nyempurna aken
Kang netepaken agama lan njelasaken
Kang mancaraken cahya lan nyebaraken
Kang mbatesi banda lan ngakehaken

Gusti Allah kang maha kuasa
Maha adil maring hukume
Kang ngupai daya lan guna
Dateng segala hambane
Kang ndadiaken banyu lan ngaliraken
Kang ndadiaken angin lan ngembusaken
Kang manasi geni lan ngobaraken
Kang ndadiaken langit lan nduwuraken
Kang ngrata aken bumi lan ngendepaken
Kang ngugetaken wulan lan muteraken
Kang metengaken jagat lan madangaken
Kang masung gunung lan ngekeraken
Kang nanjakaken mendung lan ngudanaken

Maha suci Allah
Kang duwur lan mulya kedudukane
Kang kuat lan bagus kekuasaane
Ora bakal hina sing dimulia akenNe
Ora bakal mulia sing dilaknatine
Langka sing tercela cipta ane
Langka sing bisa ngubah ketetepane

......sunting

1 komentar:

  1. The most enduring symbol of the Norse - titanium arts
    https://jancasino.com/review/merit-casino/ tj-metal-arts sol.edu.kgfebcasino.com tj-metal-arts The most enduring symbol of the Norse - titanium 바카라 사이트 arts · The most enduring symbol of the Norse - titanium arts · titanium metal trim The most enduring symbol of the Norse - titanium arts.

    BalasHapus